Senin, 27 Oktober 2008

Dengok ( sang Pilot )


Jenenge tah Andri Dwi Anovi biasane undangane Dengok wonge nganteng tur sregep tur lucu sing sebelahe sing agi nguyu eksen kuwe adine nyong Jenenge Ken ( sayange nguyune kurang maer )

DUKUH SELONEGORO


Dokoh Selagara kuwe anane nang desa Selakrama Kecamatan Leksana Kabupaten Wanasaba. Lha jenengane bae pedukuan ya paling anane rong RT thok kira-kira mogor 60~70 kepala keluarga mbokan . lha anane nang nduwur dalan gedhe antarane Mbanjarnegara karo wanasaba nek nunggang angkutan kota jurusan Sawangan wanasaba ya kira-kira adohe 10 kilo kang kotane, nek be'ngong ora ketemu-ketemu ya ancer-ancere SMP PGRI bae utawane Pesantren Tawang Sari ya kayang kono bae mbokan.

NGADUN & EMED

Kiye photo nang umae mak Abu nek di dorot kang arah jarum jam sing nganteng kiye si emat saiki kerja nag mbatam kayane , njur mbah pujo saiki agi gerah sikile kayane muga muga bae cepet mari, njur mak abu terus ngadun agi bae tes bali repek garep adus njur tak di photo ka gelem bae saiki kayane agi nang ngriyo kayane.

Make & Pake



Lha nek kiye lah mae karo bapake nyong , anu agi photo kayo adek Alhamdulilah mbanget nyong jan di wehi karo gusti Alloh mak & karo pake sing sehat & Apikan , muga-muga bae gusti Alloh tansah tetep maringi pangapura karo sekabehe salah lan dosane pake lan mae. Amin

LARSO ( Lare Ndeso )


Lha kiye sing lagi mrenges lah kancane nyong mbanget sing jenenge solar, alias gajah ngendug di jenenengi gajah ngendug ya sebabe kawit cilik jan ora gelem sekolah , geleme sekolah mengko ngenteni ana gajah sing bisa ngendug, lha mberuh jenenge bae larso ya senengane dolanan dara

KALI SRAYU KANG MBURI UMAH

Anu gambar kiye pemandangan sing ana nang mburine umahe enyong anu agnger di deleng kang dak mburi , sawah kuwe sawah bengkok bau, lah kae nang mburi keton kali gede kuwe ya kali galuh sing jan pas temenan tempuk karo kali srayu, nek ada desa sing keton kue jenenge desa Sajakerta , nganu bukit-bukit sing nang mburi kae lah nek terus bae jan-jane kae wanusaba si empere.